Metode impromptu yaiku sesorah kanthi dadakan utawa tanpa persiapan sadurunge. Ing metode iki, juru sesorah langsung ngandharake gagasan utawa pikiran ing ngarepe pamirsa tanpa nulis teks utawa cathetan. Keahlian lan pengalaman juru sesorah wigati banget ing metode impromptu iki.