Metode impromptu yaiku nindakake sesorah kanthi spontanitas, tanpa persiapan naskah sadurunge. Pembicara langsung ngandharake gagasan lan pikirane ing wektu iku uga. Kanthi impromptu, pembicara kudu duwe kemampuan komunikasi lan penguasaan materi sing apik supaya bisa ngandharake sesorah kanthi lancar lan sistematis.