Wasana basa (atur penutup pidato) minangka perangan pidato kang wigati. Ing wasana basa, pidato diakhiri kanthi ringkesan, panuwun, lan pangarep-arep. Tuladha: "Cekap semanten atur kawula. Mugi-mugi saking atur ingkang sampun kawula aturaken wonten manfaatipun dhumateng para rawuh sedaya. Nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kalepatan anggenipun kawula matur. Matur nuwun."